Serat Jongko Joyo Boyo
JAMAN EDAN
(Serat Jongko Joyoboyo)
wong jawa yen iso Netepi lan iso Nglakoni,
opo jare tetembungan iki sing bisa ngudari koyo rosone atine dhewe-dhewe,
ndoyo sing isine mung apus-apusan,
Nindakake opo jare wong nbiyen ora susah.
yen iso adoh soko, sing saiki kedadenan tenan,
koyo ila-ilane Jamane jaman edan sing ora edan ora keduman......,
Pancen amenangi jaman EDAN, sing ORA EDAN ora KADUMAN.
Sing WARAS padha NGGRAGAS, sing TANI padha DITALENI.
Wong dora padha ura-ura.
Begjane sing eling lan waspada.
Ratu ora netepi janji, musna prabawane lan kuwandane.
Akeh omah ing nduwur kuda. wong mangan wong,
kayu gilingan wesi padha doyan rinasa enak kaya roti bolu.
Yen bakal nemoni jaman edan:
akeh janji ora ditetepi, wong nrajang sumpahe dhewe.
Manungsa padha seneng tumindak ngalah tan nindakake ukum Allah.
Bareng JAHAT diangkat-angkat, bareng SUCI dibenci.
Akeh manungsa ngutamakake reyal, lali sanak lali kadang.
Akeh bapa lali anak, anak nladhung biyunge.
Sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga,
kanca dadi mungsuh, manungsa lali asale.
Rukun ratu ora adil, akeh pangkat sing jahat jahil.
Makarya sing apik manungsa padha isin. Luwih utama ngapusi.
Kelakuan padha ganjil-ganjil.
Wegah makarya kapengin urip, yen bengi padha ora bisa turu.
Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes
Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.
Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara.
Sing edan bisa dandan. Sing mbangkang bisa nggalang
omah gedhong magrong-magrong.
Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil.
Sing ora bisa maling padha digething.
Sing pinter duraka padha dadi kanca.
Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah.
Akeh bandha muspra ora karuwan larine.
Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe.
Bumi saya suwe saya mungkret. Bumi sekilan dipajegi.
Wong wadon nganggo panganggo lanang.
Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu, ngumbar angkara murka,
nggedhekake duraka.
Wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat.
Wong agung kesinggung, wong ala pinuja-puja.
Wong wadon ilang kawanitane, wong lanang ilang kaprawirane.
Akeh jago tanpa bojo. Wanita padha ora setya,
laku sedheng bubrah jare gagah.
Akeh biyung adol anak, akeh wanita adol awak.
Bojo ijol-ijolan jare jempolan.
Wong wadon nunggang jaran, wong lanang numpang slendhang pelangi.
Randha loro, prawan saaga lima.
Akeh wong adol ngelmu. Akeh wong ngaku-aku,
njaba putih njerone dhadhu.
Ngakune suci, sucine palsu. Akeh bujuk.
Wektu iku dhandhang diunekake kuntul.
Wong salah dianggep bener, pengkhianat nikmat,
durjana saya sampurna.
Wong lugu keblenggu, wong mulya dikunjara,
sing curang garang, sing jujur kojur.
Wong dagang keplanggrang, wong judhi ndadi.
Akeh barang kharam, akeh anak-anak kharam.
Prawan cilik padha nyidham. Wanita nglanggar priya.
Isih bayi padha mbayi. Sing priya padha ngasorake drajate dhewe.
Wong golek pangan kaya gabah den interi.
Sing klebat kliwat, sing kasep keplesed.
Sing gedhe rame tanpa gawe, sing cilik kecelik.
Sing anggak kalenggak.
Sing wedi padha mati, nanging sing ngawur padha makmur,
sing ngati-ati sambate kepati-pati.
Cina olang-aling kepenthung dibandhem blendhung,
melu Jawa sing padha eling.
Sing ora eling padha milang-miling, mloya-mlayu kaya maling, tudang-tuding.
Mangro tingal padha digething. Eling, ayo mulih padha manjing
Akeh wong ijir, akeh wong cethil.
Sing eman-eman ora kaduman, sing kaduman ora aman.
Selot-selote besuk ngancik tutupe taun, dewa mbrastha malaning ratu,
bakal ana dewa angejawantah, apangawak manungsa.
Apasuryan padha Bathara Kresna. Awewatak Baladewa.
Agegaman trisula wedha.
Jinejer wolak-waliking jaman,
wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar.
Utang nyawa nyaur nyawa, utang wirang nyaur wirang.
Akeh wong cinokot lemud mati. Akeh swara aneh tanpa rupa.
Bala prewangan, makhluk alus padha baris, padha rebut bebener garis.
Tan kasat mata tanpa rupa, sing mandhegani putra Bathara Indra,
agegaman trisula wedha. Momongane padha dadi nayakaning prang,
perange tanpa bala, sekti mandraguna tanpa aji-aji.
Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,
tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi.
Parak esuk banter, ilange katut Bthara Surya,
jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur. Prihatine kawula kelantur-lantur.
Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa lagi tumeka ing ngarcapada,
ambiyantu wong Jawa.
Dununge ana sikile redi Lawu sisih wetan.
Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca, arupa gupon dara tundha tiga.
Kaya manungsa asring angleledha, apeparab Pangeraning Prang,
tan pakra anggone anyenyandhang, nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong
sapirang-pirang.
Sing padha nyembah reca ndhaplang, cina eling, Syeh-syeh pinaringan sabda
gidrang-gidrang.
Putra kinasih swarga Sunan Lawu, ya Kyai Brajamusthi,
ya Kresna, ya Herumurti, mumpuni sakehing laku,
nugel tanah Jawa kaping pindho.
Ngerehake sakabehing para jim, setan, kumara, prewangan.
Para lelembut kabawah prentah saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa.
Padha asenjata trisula wedha, kadherekake Sabdopalon Nayagenggong.
Pendhak Suro nguntapake kumara, kumara kang wus katam nebus dosanira,
kaadhepake ngarsane kang Kuwasa. Isih timur kaceluk wong tuwa,
pangiride Gathutkaca sayuta. Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul
mesthi mati.
Ora tuwa ora enom, semono uga bayu wong ora ndayani.
Nyuwun apa bae mesthi sembada, garise sabda ora gantalan dina.
Begja-begjane sing yakin lan setya sabdanira.
Yen karsa sinuyutan wong satanah Jawa, nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha
dewa.
Bisa nyumurupi laire embahira, buyutira, canggahira, pindha lair bareng sadina.
Ora bisa diapusi amarga bisa maca ati.
Wasis wegig waskitha ngreti sadurunge winarah,
bisa priksa embah-embahira, ngawuningani jaman tanah Jawa.
Ngreti garise siji-sijining umat, tan kalepyan sumuruping gegaman.
Mula den udia satriya iki, wus tan bapa tan bibi,
lola wus aputus wedha Jawa. Mula ngendelake trisula wedha,
landhepe trisula : pucuk arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa.
Sing tengah sirik agawe kapitunaning liyan,
sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran.
Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku.
Senenge anyenyoba, aja kaina-ina.
Begja-begjane sing dipundhut,ateges jantrane kaemong sira sabrayat.
Ingarsa begawan wong dudu pandhita. Sinebut pandhita dudu dewa.
Sinebut dewa kaya manungsa, kinen kaanggep manungsa sing seje daya.
Tan ana pitakonan binalekake, tan ana jantra binalekake.
Kabeh kajarwakake nganti jlentreh, gawang-gawang terang ndrandang.
Aja gumun aja ngungun, yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun, tur isih
kuwasa nundhung setan. Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh.
Ya siji iki kang bisa njarwakake utawa paring pituduh jangka kalaningsun.
Tan kena den apusi amarga bisa manjing jroning ati.
Ana manungsa kaiden katemu, uga ora ana jaman sing durung kalamangsane.
Aja serik aja gela iku dudu waktunira, ngangsua sumur ratu tanpa makutha.
Mula sing amenangi gek enggala den luru, aja nganti jaman kandhas.
Madhepa den amarikelu.
Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada, ing jaman Kalabendu
nyawa.
Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa, dewa apangawak manungsa.
Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes sabraja dlama kumara.
Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita asenjata trisula wedha.
Iku paringe dewa. Ngluruge tanpa wadyabala.
Yen menang datan ngasorake liyan. Para kawula padha suka-suka
amarga adiling Pangeran wus teka.
Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha,
yaiku momongane Kaki sabdopalon sing wus adus wirang.
ki kabeh opo sing diserat Jongko Joyoboyo.
by : djonkjava.blogspot.com